Analisis B Jawa
Keterangan:
Pembukaan/Orientasi: Merah
Pasilayan/Komplikasi: Hijau
Rasolusi/Pangudhare Prakara: Biru
DEA KUDU BISA
Sawise kepilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh. Saliyane ngayahi jejibahan minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kanca-kanca saengga ora ana kang nglanggar aturan sekolahan. Saliyane iku dheweke uga kudu bisa dadi sesulih bu guru nalika ora bisa rawuh jalaran gerah utawa ana tugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan kadhangkala dheweke ngrasa ora sanggup maneh dadi ketua kelas.
Olehe mikir mangkono karana saya suwe kanca-kancane saya angel diatur. Kabeh pengin sakarepe dhewe, apa maneh yen pinuju bu guru ora rawuh lan maringi tugas sing kudu digarap lan dikumpulake. Kanyatane kanca-kancane Dea ora ana sing nanggep tugas sak gurune sing diwenehake Dea.
Wektu iku kanca-kancane padha ora gelem ngerjakake tugas sing ndadekake bu guru duka banget. Sejatine Dea ora luput, nanging tetep wae dheweke ngrasa salah jalaran ora bisa nindakake tugas saka gurune kanthi becik.
Amerga kedadean kuwi Dea kerep nglamun ana ngomah jalaran nenimbang pepenginane mundur saka anggone tugas dadi ketua kelas. Ngenani pepenginane mundur kuwi wis dipikirake ana telung minggunan. Apa maneh nalika kelase kalah lomba kebersihan, tansaya ndadekake Dea rumangsa ora pantes dadi ketua kelas.
Sore iku Dea ngrewangi resik-resik omah. Ibune nggatekake anake sing kelas 8 SMP iku kerep meneng sajak ngalamun. Saka sorot mripate katon yen anake kuwi lagi duwe masalah. Mula sabubare nyirami kembang ana ngarep omah ibune ngajak Dea lungguhan ana kursi sacedhake taman.
"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba critaa nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu! "
"Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas," ature Dea.
"Hlo, kena apa De? " ibune kaget.
"Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedaya kados kepingin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin. Napa malih nalika lomba kebersihan, kelas kula kawon kaliyan kelas sanese amargi kanca-kanca boten kompak kados rumiyin. Kula ngraos sampun boten pantes dados ketua kelas".
"Aja kesusu njupuk dudutan lan mutusake hlo ndhuk. Awakmu biyen kepilih dadi ketua kelas lak ya sing milih kancamu dhewe. Tegese kanca-kancamu wis percaya marang awakmu. Prakara menang utawa kalah lomba kaya sing kokomongne iku mau prakara lumrah. Nanging soal kekompakane kelas, kuwi sing kudu dicara".
"Maksudipun pripun Bu? " pitakone Dea.
"Maksude ibu ngene hlo De. Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe. Nanging kudu dicara amrih kekompakan mau bisa tuwuh lan jinaga saengga kabeh sing ana kelasmu bisa kompak lan nyedulur antarane siji lan sijine. Kepriye carane, awakmu lan kancamu sing ngerti".
Kebeneran wektu iku ibuke Dea weruh semut sing lagi baris. Weruh semut sing mlaku pating jlentrek ibuke banjur njupuk sapu sing maune diselehake ana pinggir kursi anggone lungguh.
"De, coba sawangen iki? " prentahe ibuke.
"Awakmu bisa njupuk piwulang apa saka semut-semu kasebut? "
Dea gedheg tandha ora ngerti apa sing dingendikakake ibune. Wekasan ibune njlentrehake.
"Ngene De. Ibu iki mau sengaja ndeleh sapu ana dalan sing diliwati barisan semut iku, kanggo nglambangake prakara sing kokadhepi. Senajan dalane katutup sapu, nanging semut-semut kuwi tetep ngupaya ngliwati sapu kasebut tanpa nggresah. Semut kuwi tetep semangat ngliwati rintangan lan tetep maju terus. Saliyane kuwi awakmu ya weruh ana semut sing nggawa barang sing luwih gedhe saka awake. Senajan barang sing digawa iku mau abot nanging semut ora kelangan akal. Semut-semut kuwi kerjasama, saengga barang sing luwih gedhe saka awake kasebut bisa dipindhahake".
Sawise krungu apa kang dingendikake dening ibune kasebut, Dea dadi gedhe atine. Dheweke sadhar yen mundur saka tugase dadi ketua kelas ateges dheweke nyalahi amanah sing wis dipercayakake kanca-kancane. Saliyane iku Dea uga ngrasa yen sasuwene iki dheweke kerep kerja individu, ora gelem nglibatake kanca-kancane. Bokmenawa saka tumindake kang kaya mangkono kuwi kancakancane dadi ora kompak.
Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dingendikake ibune, yaiku kerjasama karo kabeh kancane. Ing atine saiki wis tuwuh pangerten yen ora bakal ana prakara abot yen ditindakake kanthi bebarengan. Mula saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-saben ngadhepi prakara kang abot, ing atine dheweke bakal ngomong, "Dea kudu bisa". Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget jalaran ibune wis menehi pituduh supaya dheweke dadi bocah sing ora gampang nyerah. Ora wetara suwe ing ngarep omah katon taksi mandheg, lan saka jero taksi kasebut bapake sing wis rong taun kerja ana Malaysia kondur. Weruh bapake kondur Dea seneng banget, langsung mlayu mapag bapake.


Komentar
Posting Komentar